Thursday 13 December 2007

dioyak2 mumu, eric, lan akmal

Rating:★★★★
Category:Movies
Genre: Comedy
im just moving all this stuff from dunia-film@yahoogroups.com because i just found out this:

'apalagi ini milis eksklusif. tidak semua orang bisa masuk milis ini.
hanya orang2 yang benar2 terlibat secara langsung dengan dunia perfilman.

jadi, milis ini sangat eksklusif, hanya penulis dan pekerja film yang
bisa masuk. dan karenanya, diperbolehkan untuk tukar menukar no hp,
email tokoh2 perfilman.'

- stern warning from the moderator who shall remain nameless unless i get really vindictive one day beware, Mon Dec 3, 2007 10:06 pm

who would wanna be in da club if da club is a bunch of fucks?

*dioyak mumu, eric lan akmal*

bajigur! lha iki kok kabeh kritik ketoke kok ora ono sing ngerti film
iki to? malah ketoke dho ora gelem ngerti, ora gelem 'ngleboni wetenge
kreatore' nek jarene koh oh wingi kae. sing ono meng ece2an soal
logika cerita sing ora logis, misale kenopo si cah ayu anyar eneh kae,
wah jan matur nuwun tenan mas rudy, kowe mung siji2ne sutradara sing
wani nganggo lan nggoleki bintang anyar nggo film2mu, jan untung tenan
kowe mbok aku melu nek casting, yo, kenopo dheweke kudu nganggo
hotpants terus. lha iki kritik2 iki opo ra tau nongkrong neng senayan
city opo yo? lha nek cah ayu kuwi, alah alaaah lucune nek cangkeme
nutup ning rodo ketahan behel, trus rodo mbuka ketahan sethithik, wah
seksine, lha nek dheke kesusu arep minggat terus waton wae nglebokke
klambi karo kathok neng tas yo mestine paling ora bakal ono 342
hotpants sing katut to! piye to wong2 iki dasar mas2 katro! trus soal
matine bapake, utawa kenopo dheweke minggat. lha kok akmal, Oh, Gusti!
kowe kok yo iso2ne nggambleh: 'simaklah problem pemantiknya yang
klise: bapak Shanaz "harus" meninggal lebih dulu, dan sang ibu - betul
sekali! - punya rencana menikah lagi dengan seorang om botak yang luar
biasa membuat muak sang anak.' (tempo, 27 mei 2007, 125) lha nek koyo
ngene iki sopo sing klise, rudi lan monty apa malah kowe dhewe? cah
ayu kuwi ngenyek ibune pelacur terus mlayu saka ngomah terus, mung
goro2 cah ayu neng eling, ISIH CILIK, kuwi ngomong ngono mau terus
kowe percaya wae nek masalahe mung kuwi? lha opo ra tau ndelok dr.
phil to? lha kan dheweke isih lara atine, nyesel dheweke ngapusi
bapake mlayu2 esok trus malah mati (yo iyo wong ra tau olahraga nyabu
terus piye to nduuuk nduk), lha ya gara2 kuwi to sakjane dheweke
mlayu. opo kowe ra nggatekne omongane cah ayu kuwi karo dwi sasono
neng mburi film pas si dwi ngomong yen dheke yo nyesel tenan ra iso
nulungi adhine pas gempa gara2 lagi pacaran karo ningsih terus adhine
mati. cah ayu kuwi meneng trus mbrebes lan ngomong lirih2 'o ya, aku
ngerti, ngerti banget rasane. kosong.' nek menurutku yo jelas neng
kono cah ayu iki ora mung lagi ngomong yen dheweke ngerti artine
kelangan wong sing mbok tresnani tapi yo mungkin dheke lagi sadar,
mungkin iki, iki kenapa aku minggat soko ngomah wingi! aku isih
kelangan bapak, lan saiki aku lagi 'gegabah' ngisi atiku sing 'kosong'
kuwi mau. persis koyo kandhane ningsih mau bengi. kabeh petualangan
iki, ngguya-ngguyu ndelehke sirahku neng pundhakke mas dwi iki, mung
nggo ngisi kothonge atiku mau. aku blas ra dhong, radhongblas!, kenopo
kritik2 kuwi koyo ra niat nonton film iki. ra gelem nyerah wae karo
critone, malah sibuk ngarang critone dhewe. iki kudune ngono, iku
kudune ngene. malah eric komplen soal lighting, walaaaaaaaaahhh. kuwi
neng tengah2 film ono awan kelire kuning endhog, indah to, sopo peduli
nek ora tau ana awan werna kuning endhog? lha iki nek menurutku
mamerke meneh yen akeh wong saiki, ra mung kritik2 iki wae, sing
ketoke isih wae nuntut film2 indonesia supoyo dadi realis. supoyo
nggambarke donya sing didelok saben dina karo wong2 kuwi. makane dho
pada seneng kala kabeh, soale meneng2 menurutku film kuwi malah realis
banget, negara antah berantah sing koyo indonesia tapi dudu indonesia
kuwi yo nyat indonesia! piye to! wong2 korup, ratu adil, dhemit,
kurang klise indonesia piye meneh! wong iki film kok, piye to. kowe
iso njeblugke donya terus sesukke ngopi2 neng starbucks, yo mungkin
wae! kowe nduwe kekuatan kuwi, lha ngopo ra digunakne. opo realis
misale aminah cendrakasih jugujug nyanyi2 neng trem jakarta, utawa
kate winslet diantemi karo prajurit lilin? (hayo neng film opooo den2
kritik?) yo apik2 wae to filme. lah nek menurutku film2e rudy lan
monty kuwi rodo koyo fabel, alegori, crito2 bibel. moralia ala
plutarch. mesti ono morale. ra penting realis opo ndobos! lha nek neng
film iki moraliane yo pas ningsih karo cah ayu mau dibandhemi botol
aqua pas kabeh wong akhire ngerti yen ningsih sakjane lonthe sarkem.
`nek kowe yakin kowe bener, ndhangak nduk, ndhangak,' bisik ningsih
neng kupinge cah ayu mau. dheweke malah mung nangis. untung. dadi
nutupi sesenggrukanku. isin to. mas2 kok nangis. nyat dadi ono hal2
sing yo ketebak banget, koyo sepeda sing rem-e dhol kae. kabeh wong yo
pasti ngerti nek rem-e mengko ra didandakne yo mesti diganti mercy opo
opolah pokoke kuwi kan metafor nggo uripe mas dwi, uripe kabeh
karakter neng film kuwi, sing yo nyat kabeh nggoleki wong utawa hal
sing isa mekso dheweke mandheg wae, rasah mlayu meneh. sik, udud sik,
wah kok yo serius men, nggambleh wae aku iki. tingwe, tingwe wae. wah,
marem tenan iki mbako nggerjen. tekan ngendi mau? o iyo sakdurunge
lali, neng yogja ra ono gunung ric? kok yo percoyo wae karo mumu,
dheke kan wong solo, jelas ewa wae karo yogja. lha merapi kuwi neng
ndi? sleman? halah, tak kandakne sultane kowe mengko kabeh. arep melu2
mbah maridjan dadi separatis? hehe. bali meneh neng film-e, ngopo kowe
dho nggolek2 hubungane film iki mung karo mengejar matahari? mung ben
iso ngomong wooo kok ra ono hubungane to? ono ono, mengko tak jelaske,
tapi iki sik, kenopo ora nggoleki hubungane karo film-e rudy lan monty
sing liyane? ra sah mung sing judule yo ono 'mengejar'-e, kok cethek
men to yooo. mungkin kuwi malah iso nulungi kowe luwih ngerteni film
iki, utawa paling ora ngerteni rudy lan monty? lha kan film iki
sakjane yo podho wae karo mendadak dangdut to? wong sugih mlayu neng
kampung, neng kono kudu urip, piye carane urip neng kampung, ra ono
starbucks ra ono aksara ra ono casa? trus saka wong2 mlarat kuwi wong
sugih mau ajar meneh carane urip sing (luwih) bener. lha ya mung ngono
to. dadi misale wong2 sing protes kenopo wong2 mlarat iki didadekne
dolanane rudy lan monty lha yo jelas to, film iki nyat didelok soko
mripate cah ayu behelan mau, yo wajar to nek dheweke nganggep uripe
wong mlarat mung koyo dolanan, gilo ning sekaligus pamer sok hardcore
karo kancane neng hapene bar mangan lesehan 'neng pinggir got', utawa
gilo karo ningsih sing wis nulungi, malah nyindir 'aku perempuan baik2
kok'. aku malah seneng rudy lan monty ora nggawe cah ayu mau dadi
langsung seneng karo ningsih, langsung dadi aktivis lsm hiv/aids sing
dadane jembar (wis wis ojo saru!), malah dadi luwih wajar. nduk nduk
kok yo mesakke men kowe ra entuk dadi stereotipe abege wae, kudune
ngene kudune ngono. lha, iki yo nggawe aku mangkel. kritik2 iki kok yo
fasis men to? kathokan hot pants ra entuk, blangkonan ra entuk,
lurikan ra entuk, kayunen ra entuk. opo liyane hot pants, cah ayu mau
yo kudu nduwe legging motif macan, blus babydoll, skinny jins se7en,
lan paling ora telung pasang kaos kegedhen ala cindy lauper? opo mas
dwi kudune rambute luwih dowo meneh, nganggo kaos yukensi neng
ngendi-endi, kebak tato, nduwe pacar neng hamburg, köln lan perth,
senajan dheweke wong sarkem luwih 'realistis' yen dheweke dadi guide?
trus dina olivia kudune diganti sopo? mama loren? kok yo ngenyek men
kowe kabeh kuwi. ra tau neng sarkem po? sing luwih ayu mbangane dina yo
akeh! ra mung sing wedok lhooo. ngopo to kritik2 iki koyo ngono? kok
ngritik koyo film-e durung dadi wae, iki ngene kudune, sakjane, luwih
apike ngono, walaaah, telat mas! rasah dadi kritik sik nek isih gregetan
pingin nggawe film dhewe! o iyo mau hubungane film iki karo mengejar matahari.
ngene, dadi nek menurutku rudy kuwi ket mbiyen nyat tertarike karo piye
carane menungso kuwi iso tahan urip neng ndonya iki, mulane dheweke ketoke
mung tetarik karo menungso lanang, mengejar matahari, 9 naga, trus neng
mendadak dangdut dheweke wiwit nggatekke, lha nek wong wedok piye yo?
sik menurutku menarik, pas dheweke wiwit nggarap wong wedok iki, film-e
banting setir soko tragedi dadi komedi. kenopo? opo menurut rudy lan
monty wong wedok ra setragis wong lanang? ra semelankolis? luwih nduwe
balung lucu (nek nganggo ukarane koh oh meneh)? iki sing menarik! sing
kudune digatekne mas2 kritik kuwi! dudu 'aspek teknis seperti pencahayaan'!
hehehe, kok aku yo melu2 dadi fasis! kudune ngene kudune ngono. hehehe.
yo wis ben. aku ngerti saiki. nyat marem tenan bulane nggambleh koyo ngene iki.

mas mikael.

3 comments:

  1. kweren gila ya bahasanya.... hahahhah...

    ReplyDelete
  2. ******Hmm...sweneeng aku lek boso jowo ngene iki ..heheheee..*******

    ReplyDelete
  3. Bgmn ya..yg jelas OK banget deeh..
    Sepurane yo,aku ra ngerti bhs seng aneh2..hehee..

    ReplyDelete